Contoh Pawartos Beserta Analisisnya



Bagi kalian yang susah nyari berita bahasa jawa (pawartos), aku share pawartos buat kalian... semangat mengerjakan tugas guys!!



Gagal Panen Njalari Regi Lombok Awis

Bantul www.jogjatv.tv - Kathahipun pategalan lombok ingkang katerak sesakit njalari produksi lombok ing Kabupaten Bantul anjlok. Tundhanipun regi lombok saya awis. Dinas Perindagkop mawas regi lombok taksih limrah lan dereng perlu wontenipun operasi pasar.
Dinten  Kemis (08/12) Kepala Bidang Perdagangan Disperindagkop Bantul, Sahadi Suparjo mratelakaken, ngantos samangke regi sawetawis komoditas kadosta lombok lan sayur sampun mindhak awis. Kawontenan punika inggih jalaran kawontenan cuaca ingkang mbotenkantenan satemah kathah taneman lombok ingkang katerak sesakit. Tundhanipun pasokan lombok randhat lan winates satemah regi lombok mindhak sakalangkung awis. Sinaosa mekaten Disperindagkop dereng badhe nindakaken operasi pasar, awit reginipun taksih kapetang limrah.
Samangke dhateng sawetawis pken, regi lombok rawit abrit ngantos sewidak ewu rupiyah saben kilo. Sinaosa reginipun awis nanging pasokan kawawas taksih aman lan nyekapi. Samangke lombok kedah masok saking tlatah Wonosobo sarta Karanganyar Jawa Tengah. Miturut pandugi kalih ngantos tigang minggu ngajeng regi badhe wangsul popog malih awit para petani lombok ing Gunung Kidul tumpak wanci panen.










Analisis
1.    What
Kadadean punapa ingkang diwartakaken?
·         Kathahipun pategalan lombok ingkang katerak sesakit njalari produksi lombok anjlok. Tundhanipun regi lombok saya awis.
2.    Where
Wonten pundi kasus produksi lombok anjlok?
·         Ing Kabupaten Bantul.
3.    When
Kapan kasus punika ajeng ditangani?
·         Dinten Kemis, 08 Desember 2016
4.    Who
Sinten ingkang badhe nindakaken oprasi pasar?
·         Kepala Bidang Perdagangan Disperindagkop Bantul
5.    Why
Punapa regi lombok anjlok?
·         Kawontenan punika inggih jalaran kawontenan cuaca ingkang mbotenkantenan satemah kathah taneman lombok ingkang katerak sesakit.
6.    How
Pripun caranipun nyekapi kabutuhan lombok?
·         Samangke lombok kedah masok saking tlatah Wonosobo sarta Karanganyar Jawa Tengah.


Struktur
1.    Judul
Gagal Panen Njalari Regi Lombok Awis

2.    Teras
Kathahipun pategalan lombok ingkang katerak sesakit njalari produksi lombok ing Kabupaten Bantul anjlok. Tundhanipun regi lombok saya awis. Dinas Perindagkop mawas regi lombok taksih limrah lan dereng perlu wontenipun operasi pasar.


3.    Deatline
Kemis, 08 Desember 2016

4.    Wos
Kepala Bidang Perdagangan Disperindagkop Bantul, Sahadi Suparjo mratelakaken, ngantos samangke regi sawetawis komoditas kadosta lombok lan sayur sampun mindhak awis. Kawontenan punika inggih jalaran kawontenan cuaca ingkang mbotenkantenan satemah kathah taneman lombok ingkang katerak sesakit. Tundhanipun pasokan lombok randhat lan winates satemah regi lombok mindhak sakalangkung awis. Sinaosa mekaten Disperindagkop dereng badhe nindakaken operasi pasar, awit reginipun taksih kapetang limrah.
Samangke dhateng sawetawis pken, regi lombok rawit abrit ngantos sewidak ewu rupiyah saben kilo. Sinaosa reginipun awis nanging pasokan kawawas taksih aman lan nyekapi. Samangke lombok kedah masok saking tlatah Wonosobo sarta Karanganyar Jawa Tengah. Miturut pandugi kalih ngantos tigang minggu ngajeng regi badhe wangsul popog malih awit para petani lombok ing Gunung Kidul tumpak wanci panen.

Informasi Wigatos
·         pategalan lombok ingkang katerak sesakit njalari produksi lombok ing Kabupaten Bantul anjlok.
·         Tundhanipun pasokan lombok randhat lan winates satemah regi lombok mindhak sakalangkung awis.
·         Samangke lombok kedah masok saking tlatah Wonosobo sarta Karanganyar Jawa Tengah. Miturut pandugi kalih ngantos tigang minggu ngajeng regi badhe wangsul popog malih awit para petani lombok ing Gunung Kidul tumpak wanci panen.

Comments

Popular posts from this blog

[PRAKARYA] LAPORAN KERAJINAN BATOK KELAPA

CONTOH LAPORAN PEMBUATAN BAHAN KERAS PRAKARYA

PANGERTOSAN UYON - UYON LAN GAMELAN