Contoh Cerkak Bahasa Jawa Terbaru



Pengalaman Dadi Murid Anyar

            Sakwise SMP mesti banjur SMA, lulus saka SMP nggawe aku kudu nggolek sekolah kanggo nglanjutake pamulangan menyang jenjang sing luwih dhuwur yaiku SMA. Pada kaya dhisik pas aku pengen nggoleki SMP, aku nduwe 2 keputusan. Sing pertama aku pengen mlebu SMP N 1 Godean nanging ora katut banjur aku mlebu SMP N 1 Moyudan. Semono uga karo masa SMA iki, aku pengen mlebu SMA N 2 Yogyakarta. Nanging bijiku ora cukup yen mlebu mrono.
            Aku bingung banget arep sekolah ngendi. Tetanggaku sing alumni SMA N 1 Godean nyaranake aku mlebu mrono. Aku isih ragu-ragu, merga aku ora minat mlebu mrono. Nanging aku wis ra ono pilihan meneh, isaku ya ming mlebu SMA N 1 Godean. Wong tuwaku banjur mantepake aku ben gelem mlebu SMA N 1 Godean. Mbasan aku katut, aku banjur seneng wis dadi murid SMA N 1 Godean.
            Sakwise resmi dadi siswa SMA, banjur diadhepake laro kegiatan sing diarani MOS utawa Masa Orientasi Siswa. Kegiatan iki cukup apik lan nggeret aku supaya kenal lingkungan sekolah lan murid-muride. Sasuwene melu kegiatan kuwi, aku serius banget lan meloni dhawuhane seniorku. Salah sithik diwenehi hukuman. Aku wis tau dikon nggawe cerkak 2 lembar kebak. Kegiatan mos kui mau nggawe aku nyesel sekolah ning SMA N 1 Godean.
            Mbasan MOS wis rampung, isih ana kegiatan meneh, yaiku pemilihan anggota tonti. Kegiatan iki saya abot. Kabeh siswa dianjurke disiplin banget lan kudu mbudayakake 5 S utawa Senyum, Sapa, Salam, Sopan, Santun. Yen menawa ana murid sing nglanggar aturan kuwi mau, bisa diwenehi hukuman push up utawa banding. Kabeh murid-murid dibentak-bentak karo senior. Omongane ora alus malah nyenthe-nyenthe. Aku sedhih banget melu kegiatan kuwi.
            Pemilihan anggota tonti suwene 1 minggu. Panganan sing digowo diatur kabeh karo senior. Aku nganti buyer mikirake sekolah sing ribet banget. Wektu dikon nggawa endhog setengah mateng, aku malah nggawane urung mateng. Banjur aku diwenehi hukuman push up 1 seri utawa 10 kali. Awakku lara kabeh merga mbendina dikon push up terus. Nanging dina terakhir pemilihan anggota tonti, seniorku pada njaluk ngapura merga wis nyenthe-nyenthe wektu pemilihan anggota tonti. Aku ra nyangka nek asline seniorku atine becik-becik. Aku saiki dadi betah banget sekolah ning SMA N 1 Godean.

Comments

Popular posts from this blog

[PRAKARYA] LAPORAN KERAJINAN BATOK KELAPA

CONTOH LAPORAN PEMBUATAN BAHAN KERAS PRAKARYA

PANGERTOSAN UYON - UYON LAN GAMELAN