CONTOH SESORAH BAHASA JAWA

Sesorah utawi pidhato, ugi sinebat medhar sabda inggih menika nglairaken gagasan, pemanggih, utawi osiking manah sarana lesan ing sangajenging tiyang kathah. Kanthi mekaten jinisipun sesorah saged kabentenaken dados warni sekawan:
  1. Sesorah kanthi cara apalan : sesorah cara menika saderengipun sampun damel seratan sesorah lajeng dipunapalaken tembung ngantos ukaranipun persis kaliyan cathetan.
  2. Sesorah kanthi cara naskah : sesorah cara naskah menika juru pamedhar sabda saestu bekta naskah lajeng dipun waos sawetahipun, boten dipunapalaken.
  3. Sesorah kanthi cara dadakan : sesorah cara dadakan menika boten kanyana-nyana saderengipun menawi badhe dipunaturi sesorah utawi ndadak ing adicara menika lajeng dipunaturi sesorah.
  4. Sesorah kanthi cara eksemporan : sesorah cara menika kanthi cara juru pamedhar sabda ngasta utawi damel cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipun ngendikakaken.
 Conto sesorah dinten kamardikan :

Assalamualaikum Wr. Wb.
               Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija dalasan karyawan SMA Negeri 1 Godean ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah wonten ngarsanipun dalem Allah SWT, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged kempal wonten ing papan mriki, saperlu hangrawuhi adicara pengetan dinten Kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia. Wonten ing mriki, kula badhe ngaturaken satunggaling tema Kamardikan Republik Indonesia.
               Kita sedaya mangertos, bilih atusan warsa kita dipunjajah dening bangsa Walanda. Rakyat dipundamel ajrih saha nampi kasangsaran amargi kajajah. Kanthi landhasan tekad saha raos handarbeni dhumateng bangsa saha nagari ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupaya supados saged mardika. Kawontenan menika saged kaleksanan rikala dinten Jumat tanggal 17 Agustus 1945. Pramila, rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka dinten kamardikan bangsa kita, kangge pepeling saha mengeti Kamardikan Republik Indonesia ugi pengurbananipun para pahlawan ingkang sampun gugur kangge kamardikaning bangsa kita.
               Awit saking menika kula panjenengan sami kedhah tansah ngaturaken raos syukur awit kanugrahan kasebat. Raos syukur menika antawisipun kawujudaken kanthi acara jalan santai sesarengan satunggal RW, ngecet gapura, pasang umbul-umbul, pasang lampu maneka warni, ugi kerja bakti lingkungan kanthi masang aksesoris merah putih. Lomba ingkang dipunwontenaken, antawisipun panjat pinang, tarik tambang, balap karung, nedha krupuk saha sanes-sanesipun.
               Adicara inti dipunwontenaken tirakatan wonten ing malem tanggal 17 Agustus wonten ing pawiyatan kita menika. Pramila saking menika, kula saha panjenengan sedaya tansah ngaturaken raos syukur ugi nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT supados bangsa kita menika dados bangsa ingkang langkung sae.
               Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah anggen kula matur. Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
 
Kapethik saking : http://ohbaru.blogspot.co.id/2014/07/kumpulancontohsesorahpidatobahasajawa.html

Comments

Popular posts from this blog

[PRAKARYA] LAPORAN KERAJINAN BATOK KELAPA

CONTOH LAPORAN PEMBUATAN BAHAN KERAS PRAKARYA

PANGERTOSAN UYON - UYON LAN GAMELAN